Senin, 09 November 2009

ringkasan BALESIGALA GALA

Bathara Anantaboga mbiyantu Pandhawa oncat saka Bale Sigalagala
By halintarcakra padnobo

Bathara Anantaboga iku dewa kang awujud naga kanthi swiwi lan dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung ananta iku tegese tanpa wates utawa tan winates, lan tembung boga tegese mangan. Anantaboga ateges mangane tanpa wates. Kaprah sinebut Antaboga.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, salasilahe Bathara Anantaboga kawiwitan saka Sanghyang Wenang kang peputra putri Dewi Sayati. Dewi Sayati iki sabanjure palakrama karo jin awujud naga kang jenenge Anantawisesa.
Anantawisesa lan Dewi Sayati peputra cacah loro, yaiku Anantadewa lan Anantaswara, kalorone uga awujud naga. Anantadewa peputra Anantanaga (taksaka-naga) lan Anantantawara. Sabanjure, Anantantawara peputra Anantaboga kang dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung sapta ateges pitu lan tembung pratala ateges bumi.
Bathara Anantaboga palakrama karo dewi Supreti lan peputra Dewi Nagagini lan Nagatatmala. Anantaboga kondhang seki mandraguna, bisa malih rupa dadi manungsa kanthi solah bawa, watak, hamicara lan atine nuduhake sikepe kadidene pandhita. Yen nesu, pucuk buntute kang diobahake bisa nuwuhake lindhu gedhe lan gawe dredah ing arcapada lan Suralaya.
Anantaboga pinaringan kanugrahan saka raja Tribuwana amarga labuh labete. Kanthi laku mertapa Anantaboga kepengin nyekel aji Kemayan kang bisa ndadekake dhirine malih rupa dadi manungsa.
Nalika Anantaboga mertapa, cangkeme kalebon cupu Linggamanik. Cupu iki sabanjure dipasrahake marang Sanghyang Manikmaya. Sawise dibukak, saka sanjerone cupu metu sawijining putri kang sulistya ing rupa. Putri iku jenenge Dewi Sri, lan sabanjure dadi sisihane Sanghyang Wisnu.
Tumindake Anantaboga kang mangkono iku nuwuhake rasa senenge labeh warga Suralaya lan sabanjure Anantaboga kaganjaran jejuluk Hyang utawa Sanghyang. Ing lakon Bale Sigalagala, Dewi Prita utawa Dewi Kunti lan lima putrane, yaiku Pandhawa, bisa slamet saka bebaya kobongane bale amarga tindak culikane para Kurawa.
Dewi Kunti lan Pandhawa slamet tekan ing Saptapratala amarga pitulungane Anantaboga. Bima utawa Arya Werkudara sabanjure dipacangake lan palakrama kalawan Dewi Nagagini. Sabanjure peputra Anantareja. Ing lakon Sumbadra Larung, Anantaboga paring aji kasekten marang putune, Anantareja, saengga ora tedhas samubarang sanjata. Nalika iku Anantareja katemben ing satengahing laku ngupadi bapakne.
Anantareja klakon perang tandhing nglawan Naga Sindula kanggo ngugemi ajining dhiri nalika nglamar Dewi Nagagini. Ing kalodhangan iku dumadi paprangan kang nuwuhake dredah ing Suralaya.
Ing lakon Babad Wana Marta, Hyang Anantaboga mbiyantu Pandhawa kanggo nyingkirake jin lan setan kang manggon ing alas Mertani. Alas gedhe gung liwang-liwung iku bakal dibangun dadi Krajan Amarta.
Anantareja bisa ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda lan ora bisa ketaman pati amarga awake adus idune Anantaboga. Kedadeyan iki dicritakake ing lakon Laire Anantareja.
Anantareja palakrama kalawan Dewi Ganggi, putrane putri Prabu Ganggapranawa, raja ing nagara Tawingnarmada. Anantareja lan Dewi Ganggi peputra Danurwenda. Nalika Parikesit jumeneng nata ing krajan Yawastina, yaiku nagara Astina sawise perang Baratayuda, Danurwenda sinengkakake minangka patih njaban ngrangkah. Danurwenda iki kang sabanjure nurunake Raden Nagapratala, senapati perang jaman jumenenge Prabu Gendrayana, raja Yawastina sawise Prabu Parikesit.
Putrane Bathara Anantaboga lan Dewi Supreti kang jenenge Bambang Nagatatmala palakrama karo Dewi Mumpuni lan nurunake putra yang dijenengi Nagapustaka. Bambang Nagatatmala dhewe uga jumeneng nata ing nagara Srengga jejuluk Prabu Manindrataya.
Sawise Nagapustaka dhewasa, dheweke palakrama karo Garuda Rukmawati (anak turune Garuda Aruna) lan kalorone ora duwe anak. Garuda Rukmawati muksa, dene Nagapustaka menjila dadi Pustaka Jamus.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, Sukoharjo, dening Sunan Kalijaga aran Pustaka Jamus diowahi dadi Serat Kali Maha Usada.
Kali saka tembung Kalijaga, maha ateges ora sabaene, mligi lan usada ateges duwe daya kanggo nambani. Yen digathukake, tegese tembung-tembung kasebut yaiku tuntunan manembah Gusti Kang Akarya Jagad kayedene apa kang diwulangake Sunan Kalijaga, karepe ora liya rukun Islam. Limang rukun kang duwe daya kanggo nambani jiwa kang ora tentrem. Ing jamane Pandhawa, aran Kali Maha Usada owah dadi Jamus Kalimasada ringkesane carita Manawa pandawa ditulung deneng bathara anantobogo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar